Teks Khutbah Jumat Singkat
Agungipun Wulan Rajab
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا
أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدّيْن, عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ
فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sapunika kula lan
panjenengan sampun mlebet wonten ing wulan Rajab. Wulan Rajab punika kalebet
salah satunggaling wulan ingkang agung lan mulya. Ing dalem Al-Qur'an, Allah
SWT sampun paring dhawuh bilih sasi ing dalem setaun punika wonten kalih welas,
lan wonten sekawan sasi ingkang dipun mulyaken (Asyhurul Hurum). Allah SWT
dhawuh wonten ing Surat At-Taubah ayat 36:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا
عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ
مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ
أَنفُسَكُمْ
“Satemene gunggunge sasi
ing ngarsane Allah iku ana rolas sasi, (kaya kang kasebut) ing sajrone
Kitabullah nalika Allah nyiptakake langit lan bumi, ing antarane ana patang
sasi kang mulya (haram). Iku mau agama kang jejeg, mula aja sira kabeh nganiaya
awake dhewe ing sajrone sasi kang patang mau.” (QS. At-Taubah: 36)
Sekawan wulan ingkang mulya
inggih punika: Dzulqa'dah, Dzulhijjah, Muharram, lan Rajab.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Agungipun wulan Rajab
punika ugi dipun tetepaken dening Rasulullah SAW wonten ing hadits shahih:
إِنَّ الزَّمَانَ قَدْ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ
يَوْمَ خَلَقَ اللَّهُ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضَ السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا
مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ثَلَاثٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو
الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِي بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ
“Wektu iku mubeng kaya
kahanane nalika Allah nyiptakake langit lan bumi. Setaun iku ana rolas sasi,
ing antarane ana patang sasi kang mulya. Telu sasi saurutan yaiku Dzulqa’dah,
Dzulhijjah, lan Muharram. Lan sasi Rajab mudhar kang manggon ing antarane Jumadil
(Akhar) lan Sya’ban.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Wulan Rajab dipun sebat
"haram" utawi mulya amargi ing wulan punika dipun larang nindakaken kemaksiatan lan peperangan. Kosok wangsulipun,
amal shaleh ingkang dipun tindakaken ing wulan punika badhe pikantuk ganjaran
ingkang tikel tekuk saking Allah SWT.
Lajeng, amalan punapa
kemawon ingkang wigatos dipun lampahi kagem ngebaki agungipun wulan Rajab
punika?
1.
Ingkang sepisan, inggih
menika nambahi istighfar lan mratobat dhumateng Allah SWT. Amargi wulan Rajab
punika dipun sebat wulan nyuciaken badan saking dosa-dosa.
2.
Ingkang kaping kalih,
nindakaken pasa sunnah. Senadyan mboten wonten kewajiban pasa sebulan muput,
nanging nindakaken pasa ing wulan mulya punika nggadhahi kautaman ingkang ageng.
3.
Ingkang kaping tiga, njagi
lan nambahi kualitas shalat gangsal wekdal sarta shalat sunnah. Menika minangka
wujud syukur kita awit kanugrahan peristiwa Isra' Mi'raj ingkang dumados ing
wulan Rajab.
4.
Ingkang kaping sekawan,
nindakaken sedekah lan mbiyantu sesami. Kanthi sedekah, kula lan panjenegan
nggelar margi kabecikan supados mangke nalika mlebet wulan Ramadhan, sampun
kulina nindakaken amal jariah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sumangga, momentum wulan Rajab punika dipun gunakaken kanthi sak sae- saenipun. Ampun
ngantos wekdal ingkang mulya punika kacuwan muspra tanpa wonten tambahipun amal
ibadah.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

إرسال تعليق