Teks Khutbah Jumat Singkat

Setahun Lumampah,

Sampun Nggayuh Punapa?

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن, عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal punika cepet sanget lumampahipun. Mboten keraos, kalender meh dumugi pungkasanipun taun. Setahun sampun kula lan panjenengan liwati kanthi maneka warna kedadosan. Punapa taun menika dados taun ingkang kebak untung utawi malah kebak rugi?

Mangga sami emut dhumateng dhawuhipun Gusti Allah ingkang cetha mrentahaken supados tansah introspeksi (muhasabah). Ngendika Allah SWT:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

"Hé, wong-wong kang padha iman, padha takwaa marang Allah lan saben jiwa kudu nyawang apa kang wis disiapake kanggo dina sesuk (akhirat). Lan padha taqwaa sira marang Allah, satemene Allah iku Maha Priksa tumrap apa wae kang sira tindhakake." (Surah Al-Hashr, Ayat 18)

Ayat punika minangka perintah wajib saking Allah dhumateng kula lan panjenengan, supados mboten namung fokus dhumateng asil panen utawi bathi donya, nanging kedah ngitung-ngitung bekal amal ingkang sampun dipun kintun dhumateng akhirat.

Kula lan panjenegan kedah mawas diri dhateng Kalih Prekawis ingkang dados ukuran bathi lan rugi:

1.     Sepisan, Kesempatan Ingkang dipun Lirwaaken:

Sepinten kesempatan amal shalih ingkang ical namung kula lan panjenegan lirwaaken?. Sepinten wekdal ingkang dipun paringaken Allah, nanging namung kula lan panjenegan gunakaken kagem dolanan (kesenengan) utawi prekawis ingkang boten manfaat?. Punapa kula lan panjenegan kesupen bilih Gusti Allah sampun paring jatah umur ingkang terus suda?.

2.     Kaping kalih, Dosa Ingkang Tasih Katah:

Dosa punapa ingkang asring kula lan panjenegan lampahi lan dereng dipun taubati kanthi saestu?. Punapa lisan lan paningal sampun njagi hak-hakipun sedulur sanes, utawi taksih remen nggresula lan ngrasani (ghibah)?.

 

Jamaah Sidang Jumat ingkang Minulya,

Mangga kula lan panjenegan emut dhumateng hakikat wekdal. Wekdal punika modal utama kita kagem nggayuh Jannah (Surga). Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa sallam ngemutaken kula lan panjenegan dhumateng kalih nikmat ingkang asring dipun laleaken tiyang kathah, inggih punika nikmat sehat lan nikmat wekdal luang (longgar). Ngendika Rasulullah:

نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنْ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ

“Ana nikmat werna loro, kang akeh- akehe manungsa padha lali: yaiku nikmat sehat lan nikmat wektu longgar” (HR. Bukhari)

Pramila, ngadhepi taun ingkang badhe rawuh, mangga kula lan panjenegan  netepaken janji:

a)     Wancinipun Istiqamah: Sumangga dipun tata malih shalat wajib kula lan panjenegan supados tansah ing wiwitan wekdal lan berjamaah.

b)     Wancinipun Nambah Ngelmu: Sumangga ngiyataken semangat rawuh ing majelis taklim, supados iman lan ngelmu tansah nambah.

c)      Wancinipun Tobat: Sumangga kula lan panjenegan cepet-cepet nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah menawi wonten kalepatan, lan nyuwun pangapura dhumateng sesami manawi wonten hak-hakipun ingkang sampun dipun langgar.

Mugi-mugi pungkasan taun menika dados titik wiwitan ingkang sae kagem taun ngajeng, taun ingkang kebak amal shalih lan barokah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih


 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini




Post a Comment

أحدث أقدم