Teks Khutbah Jumat Singkat
Jampi Tentreming Ati
Kanthi Istighfar lan Dzikir
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Amiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Manungsa punika papanipun
lepat lan dosa. Sanajan sampun ngupadi nindakaken kasaénan, ananging tansah
wonten kalepatan ingkang ndadosaken manah dadi reget lan peteng. Pepetenging
manah punika ingkang ndadosaken urip rumaos sumpek, rejeki seret, lan tebih
saking katentreman. Pramila, Gusti Allah paring piwucal ingkang énthéng,
ananging ganjaranipun ageng sanget, inggih menika Istighfar (nyuwun
pangapunten) lan Dzikir (eling dhumateng Allah).
1.
Pentingipun Istighfar minangka Resiking Manah
Kanjeng Nabi Muhammad SAW,
sanajan panjenenganipun ma'shum (kalis saking dosa), nanging tansah paring
tuladha kagem kula lan panjenegan supados ngatah- ngatahi istighfar. Ngendika
Rasulullah SAW:
وَاللَّهِ
إِنِّى لأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ وَأَتُوبُ إِلَيْهِ فِى الْيَوْمِ أَكْثَرَ مِنْ
سَبْعِينَ مَرَّةً
“Demi Allah. Satemene Aku
tansah istighfar lan mertobat marang Allah sabendinane punjul kaping 70.” (HR.
Bukhari)
2.
Ganjaran Agengipun Istighfar: Pangapunten, Rejeki, lan
Katentreman
Istighfar punika sanes
amalan ingkang namung kagem ngresiki dosa dinten wingi. Langkung saking punika,
Istighfar minangka kunci kagem mbikak lawang rahmat, rezeki, lan katentremaning
manah saking Gusti Allah. Ngendika Allah:
(10) فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا
(11) يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَارًا
(12) وَيُمْدِدْكُمْ بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَيَجْعَلْ لَكُمْ جَنَّاتٍ
وَيَجْعَلْ لَكُمْ أَنْهَارًا
“Nuh Ngendika: Mula pada
enggalo nyuwun pangapura marang Pangeranira satemene Panjeneganipun Maha Paring
Pangaksama. Yekti Allah bakal nurunake udan deres marang sira kabeh. Sarta
bakal paring banda lan keturunan marang sira kabeh, lan uga bakal maringi
pakebonan lan kali- kali marang sira”. (QS Nuh 10- 12).
3.
Dzikir minangka Sumber Katentreman Sejati
Ing salajengipun, kajawi
Istighfar Rasulullah ugi paring piwucal supados kula lan panjenegan ngatah-
ngatahi waosan dzikir umum. Dzikir punika badhe paring pepadang dhumateng manah
lan ndadosaken katentreman ing panggesangan kula lan panjenegan.
ٱلَّذِينَ
ءَامَنُوا۟ وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكْرِ ٱللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ ٱللَّهِ
تَطْمَئِنُّ ٱلْقُلُوبُ
“Yaiku wong- wong iman kang
manahe tansah tentrem kanthi dzikir marang Allah. Mangertio satemene kanthi
dzikir iku ati bakal tentrem”. (QS. Ar- Ra’d:28).
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun sumangga kula
lan panjenegan tansah njagi dzikir wonten saben wekdal lan ing pundi kemawon
panggenan. Mugi kanthi dzikir manah kula lan panjenegan tansah pinaringan ayem
lan tentrem. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

إرسال تعليق