Teks Khutbah Jumat Singkat
Mlebet Surga Sesarengan Keluarga
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah
rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk
dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula
lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam
mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan
panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah
rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah
kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah
rahimakumullah
Kula lan panjenengan sami
punika dipunparingi kenikmatan ingkang ageng inggih punika gadhah kulawarga.
Kulawarga ingkang ayem tentrem, tansah rukun, punika dados angen-angen saben
tiyang. Nanging, kesaenan kulawarga ingkang sejati boten namung saged dipunukur
saking kesenangan donya kemawon. Puncak kabagyan inggih punika menawi samangke
saged mlebet Jannatul Na'im sesarengan kaliyan sedaya anggota kulawarga ingkang
dipun tresnani.
Allah subhanahu wa ta'ala
sampun paring janji dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman lan sae anggenipun
nggulawentah kulawarganipun, bilih piyambakipun saged kempal malih kaliyan
kulawarga ing surga, sanajan derajating amalipun benten.
Allah paring dhawuh ing
Kitab Suci Al-Qur'an, Surah At-Thuur ayat 21:
وَالَّذِينَ
آمَنُوا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُم بِإِيمَانٍ أَلْحَقْنَا بِهِمْ
ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَا أَلَتْنَاهُم مِّنْ عَمَلِهِم مِّن شَيْءٍ ۚ كُلُّ امْرِئٍ
بِمَا كَسَبَ رَهِينٌ
Artosipun: "Lan para
wong mukmin kang duwe anak turun uga mukmin, temen sesuk bakal Ingsun kumpulake
ana ing surga, Ingsun ora bakal ngurangi saka amal becike wong- wong iku.
Satemene saben- saben wong iku gumantung saka amale dewe- dewe”. (QS. At-Thuur: 21)
Ayat punika dados bukti
bilih Allah boten namung nglebetaken tiyang sepuh utawi anak ingkang amalanipun
kathah ing derajat inggil piyambak. Nanging, kanthi rahmat saking Allah,
sanajan amalan anak utawi tiyang sepuh punika langkung sakedhik, saged dipun kempalaken
sesarengan ing surga. Syaratipun namung satunggal: sedaya kedah sami-sami
kagungan Iman lan Islam.
Pramila, tanggel jawab kula
lan panjenengan ingkang paling ageng inggih punika njagi kulawarga saking siksa
neraka, kados dhawuh Allah ing Surah At-Tahrim ayat 6:
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
Artosipun: “He para wong
mukmin jaganen badanira lan keluarganira saka geni neraka…”
Kados pundi caranipun?
Sepisan:
Nandur Iman lan Ta'at ing Kulawarga. Tiyang sepuh kedah dados
teladan utawi conto ingkang sae. Kedah memulang, ndhidhik, lan merintah
kulawarga nindakaken shalat, dzikir, amar ma'ruf, lan nebihi munkar.
Kaping
Kalih: Nyuwunaken Pangapura (Istighfar) Tiyang Sepuh. Hadits saking Kanjeng Nabi shallallahu 'alaihi wa sallam riwayat Imam
Ahmad, dipun shahihaken dening Al-Albani, lan wonten penguatipun saking Hadits
Riwayat Imam Muslim (No. 1631) bab Anak Sholeh, nyebataken:
إِنَّ
الرَّجُلَ لَتُرْفَعُ دَرَجَتُهُ فِي الْجَنَّةِ فَيَقُولُ: أَنَّى هَذَا؟ فَيُقَالُ: بِاسْتِغْفَارِ وَلَدِكَ لَكَ
Artosipun: "Satemene
ana wong mukmin kang diangkat derajate ana ing surga, banjur deweke takon
marang malaikat penjaga surga: 'Saking pundi punika?' Dipun wangsuli: 'iki
amarga istighfare anakira marang sira."
Hadits punika nedahaken
bilih anak ingkang shalih lan purun ndongakaken tiyang sepuhipun, punika dados
wasilah kangge ngangkat derajat tiyang sepuhipun ing Surga. Mila, wigatos
sanget anggen kita ndhidhik putra-putri dados anak ingkang shalih ingkang tansah
eling dhumateng tiyang sepuhipun.
Jamaah jumah
rahimakumullah
Cekak aosipun sumangga kula
lan panjenegan tansah estu anggenipun mbimbing keluarga kanthi miderek piwucal
islam. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken keluarga kula lan panjenegan
begja ing dunya lan akhirat. Aamiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar