Teks Khutbah Jumat Singkat

Kewajiban Dhateng Garwa lan Putra

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah muji syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah jumat siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Islam maringi piwucal supados kula lan panjenegan tansah nggayuh kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Kalebet piwucal pokok ing islam inggih punika wajibipun kula lan panjenengan nggatosaken keluarga. Nggatosaken keluarga inggih punika kanthi paring nafkah ugi ndidik, mbina keluarga supados tansah lumampah ing margi ingkang leres.

Allah SWT sampun paring dawuh wonten ing al- quran:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ

Artosipun: “He para wong mukmin, sira padha ngreksaa awakira dhewe lan ahlinira saka geni neraka kang urub- urube manungsa lan watu. Kang dijaga dening para malaikat kang kereng lan buteng, ora tau padha nyulayani dawuhing Allah ananging padha ngestokake apa kang didawuhake”. (QS At Tahrim:6)

Jamah jumah rahimakumullah

Ngreksa badan lan kulawarga saking neraka tegesipun kanti paring panggulawentah ingkang leres dumateng garwa lan putra lajeng ngajak ngamalaken tuntunan ingkang leres kasebat. Mila punapa kemawon kewajiban tiyang sepah dhumateng putra putrinipun ing bab punika??

1.      Wajib paring kawruh tuntunan agami islam.

Kula lan panjenengan wajib paring kawruh agami islam dumateng kulawarga; garwa lan putra. Kula lan panjenengan wajib paring pangertosan babagan perkawis iman, iman dumateng Allah, iman dumateng malaikat, iman dumateng kitab- kitab, iman dumateng para nabi lan rasul, iman dumateng dinten kiyamat lan iman dumateng takdir. Mekaten ugi wajib paring pangertosan bab pokok- pokok ajaran islam kadosdene rukun islam lan bab ibadah wajib.

2.      Ngajak garwa lan putra njagi ibadah shalat.

Saklajengipun kula lan panjenengan kedah ngajak sedaya anggota keluarga njagi ibadah shalat. Kula lan panjenengan kedah ndawuhi putra putri nindakaken shalat menawi sampun umur 7 tahun.

 

Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:

مُرُوا أَوْلاَدَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَهُمْ أَبْنَاءُ سَبْعِ سِنِينَ

Artosipun: “Sira dawuha marang anak- anakira supaya padha nindhakake shalat nalikane umur 7 tahun . . . ”. (HR. Abu Dawud)

3.      Wajib paring tuntunan adab lan akhlaq

Kewajiban ndidik kulawarga saklajengipun inggih punika paring piwucal adab lan akhlaq ingkang utama. Putra putri kedah dipun kulintenaken adab lan sopan santun nalika srawung ing masyarakat. Mboten pareng tumindak awon lan nerak paugeran wonten ing masyarakat.

Ngendika Rasulullah SAW: “Ora ana preparing kang luwih utama saka wong tua tumrap anak -anake kejaba maringi piwulan adab (tata krama)” (HR. Turmudzi).

Wonten hadits sanes Rasulullah ungi ngendika: “Wong kang paring piwulang adab marang putra- putrane iku luwih utama tinimbang shadaqah sak sha’ “. (HR. Turmudzi).

Jamah jumah rahimakumullah

Punika seperangan jejibahan kula lan panjenengan selaku tiyang sepuh dumateng kulawarga khususipun putra- putri. Mugi Allah SWT tansah paring pitedah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget ngayahi jejibahan ingkang minulya punika.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama