Teks Khutbah Jumat Singkat

Sapa Jujur Bakal Mujur

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing wekdal sakpunika sampun awis sanget kula lan panjenengan manggihi priyantun ingkang jujur kepara kathah-kathahipun sami gampil tumindak awon saha gampil nglampahi dora. Kepara katindakaken kanthi terang-terangan dipun umbar mboten rumaos klentu saha ajrih dosa.

Setunggalipun priyantun utawi masyarakat lan bangsa ingkang sampun mboten nggadhahi kejujuran temtu badhe gampil nindakaken dora saha apus kagem nutupi ingkang leres sahingga samangkihipun badhe pikantuk karisakan.

Jujur miturut Bahasa Arab inggih punika as-shidqu ingkang artosipun leres utawi nyata. Pinangka kosok wangsul saking al-kidzbu ingkang artosipun dora utawi goroh. Sahingga jujur inggih punika lampah ingkang leres sak pas kaliyan kasunyatan saha nyingkiri sifat goroh. Ngendika Allah SWT:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا

“He para wong mukmin, sira pada taqwaa marang Allah lan pada ngucapa kalawan ucapan kang bener”. (QS. Al-Ahzab;70).

Ayat ing nginggil paring piwucal bilih tiyang ingkang jujur punika kalebet tiyang ingkang tunduk, manembah lan takwa marang Gusti Allah. Kanthi taqwa saget dados jalaran  slamet dunya lan akhiratipun. Kosok wangsulipun tiyang ingkang remen dora, nulayani janji, ngapusi, berarti piyambakipun ingkar dumateng Allah lan badhe nemahi kacilakan ing donya lan akhiratipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Pramila kadospundi caranipun supados kula lan panjenegan saget netepi lampah tindhak jujur?

1.     Kedah yakin bilih kula lan panjenegan dipun awasi dening Allah.

Ngendika Allah SWT:

مَّا يَلْفِظُ مِن قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ

“Ora ana sawiji wae tembung kejaba ditulis dening malaikat raqib lan atid” (QS. Qaf; 18).

Ibnu Katsir ngendika: “Malaikat sijine lungguh ana ing sisih tengen manungsa lan sijine lungguh ana ing sisih kiwane. Tansah ngawasi apa wae kang diucap lan ditindhakake manungsa, sahingga ora ana sawiji wae tembung utawa tindhak lampah kejaba mesti diawasi lan ditulis”.

2.     Srawung kaliyan tiyang- tiyang jujur.

Kalebet tatacara kagem njagi lampah jujur inggih punika remen srawung kaliyan tiyang shalih, tiyang ingkang jujur. Ngendika Rasulullah SAW:

الْمَرْءُ عَلَى دِينِ خَلِيلِهِ فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ

“Wong iku gumantung agama kancane, mula delengen salah siji saka sira marang sapa kang disrawungi”. (HR. Ahmad lan Tirmidzi).

Hadits punika paring piwucal bilih rencang punika ageng sanget pengaruhipun dhumateng kepribadian kula lan panjenengan. Menawi kagungan rencang ingkang jujur mila saget mbekta kula lan panjenegan dhateng lampah kejujuran. Ananging menawi kagungan rencang ingkang remen dora, remen ngapusi mila dangu- dangu kula lan panjenegan ugi saget terpengaruh dados tiyang ingkang remen ngapusi.

Jamaah jumah rahimakumullah

Akhiripun sumangga kula lan panjenegan tansah njagi sifat jujur wonten panggesangan saben dinten. Mugi Allah SWT andadosaken kula lan panjenegan tiyang ingkang manggih kamulyan panggesangan ing donya lan akhirat, aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama