Teks Khutbah Jumat Singkat
Piwulang Pagesangan
Saking Maulid Nabi ﷺ
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ﷺ ingkang
tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Nabi Muhammad miyos ing Mekah dinten Senin tanggal 12 wulan Rabiul Awal warsa Gajah utawi 20 April 571 Masehi. Dipun sebat warsa gajah
amargi ing tahun miyosipun Muhammad wonten pasukan gajah saking nagari Yaman
ingkang dipun pimpin dening Abrahah badhe ngrubuhaken ka’bah kados kaserat ing
al-quran surat Al- Fiil.
Yuswa 40 tahun muhammad pikantuk
wahyu saking Allah SWT lajeng dipun utus pinangka nabi lan rasul ingkang
pungkasan. Allah ngutus Muhammad SAW supados mbiwaraaken
tatanan panggesangan ingkang guyup, rukun, ayem, adil lan Makmur. Ngedika
Allah:
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً
لِّلْعٰلَمِيْنَ
“Lan ingsun ora ngutus sira, kejaba supaya dadi rahmat marang alam jagat
raya” (Qs. Al- Anbiya: 107)
Jamaah jumah rahimakumullah
Kalebet perkawis pokok
ingkang dipun wucalaken rasulullah inggih punika tata aturan gesang ing
masyarakat bangsa lan nagari. Punapa kemawon piwucal kasebat ?
1.
Dhawuh adil nalika mimpin masyarakat.
Ngendika Allah SWT :
إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ
بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ
“Satemen Allah dhawuh
tumindhak adil lan becik…” (QS. An- Nahl:90).
Ing ayat sanes Allah SWT ugi
ngendika:
وَأَقْسِطُوا إِنَّ اللَّهَ
يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ
“Lan tumindhaka adil,
satemene Allah iku tresna marang wong- wong kang tumindhak adil”. (QS. Al- Hujurat:9)
Pemimpin punika wajib
tumindhak adil dhumateng rakyatipun, adil nedahaken ciri tiyang ingkang iman.
Pemimpin ingkang adil esthu badhe pikantuk ganjaran ingkang agung saking
ngarsanipun Allah SWT. Mekaten ugi islam ngawisi pemimpin tumindhak dzalim.
Sinten kemawon ingkang tumindhak dzalim mesthi badhe nampi azab lan kacilakan
ing donya lan akhirat.
2.
Awisan tumindhak anarkis
Piwucal nabi saklajengipun
inggih punika awisan tumindhak anarkis wonten ing kahanan punapa kemawon. Ing
islam ngaturaken aspirasi, kritik lan saran dhateng pemimpin dipun
keparengaken. Menawi pemimpin boten leres anggenipun ngayahi jejibahan ngatur
nagari, rakyat dipun keparengaken caos saran, masukan lan kritik. Ngaturaken
kritik lan saran kedahipun ngagem cara ingkang adem, wicaksana boten emosi napa
malih anarkis. Ngendika Allah SWT :
وَلَا
تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا
“Lan sira aja padha gawe
rusak ana ing bumi sawuse becik tata-tentreme…”.
(QS.al- A’raf:56).
Mila sumangga kula lan
panjenegan menawi badhe caos saran masuka dhateng pemerintah kedahipun ngagem
cara damai, adem ayem lan nebihi tumindhak anarkis.
Jamaah jumah rahimakumullah
Akhiripun kanthi mendet
piwucal maulid nabi tahun punika sumangga kula lan panjenengan tansah njagi
kerukunan panggesangan wonten ing nagari indonesia punika. Mugi Allah tansah
njagi nagari punika saking sedaya musibah lan malapetaka. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar