Teks Khutbah Jumat Singkat
Ajining Diri Gumantung Saka Lathi
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wekdal sakpunika kula lan
panjenegan nembe dipun ajak sinau tadabbur ayat- ayat kauniyah magepokan
wigatosipun njagi lisan. Nembe kemawon wonten ing nagari Indonesia geger gedhen
amargi dipun sebabaken ulah oknum pejabat ingkang boten saget njagi lisan. Geger
ugi dipun susul nagari sanes kados Nepal, Perancis, Australia, Filipina lan
sanesipun. Salah setunggal pemicu demo inggih punika katah oknum ingkang
semena- mena dhumateng rakyat lan mboten saget ngontrol lisanipun. Mila leres
pangandikanipun Rasulullah nalika dipun suwuni pirsa babagan penyebab
cilakanipun manungsa, Panjeneganipun ngendika bilih penyebabipun lisan lan
farji. Ngendika Rasulullah:
وَسُئِلَ
عَنْ أَكْثَرِ مَا يُدْخِلُ النَّاسَ النَّارَ فَقَالَ الْفَمُ وَالْفَرْجُ
“… lan panjeneganipun rasul
disuwuni pirsa perkara kang paling akeh nyebabake manungsa mlebu neraka (cilaka):
Mula ngendika Rasul: yaiku lisan lan farji. (HR Tirmidzi).
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah
ingkang minulya punika khatib boten badhe matur perkawis politik, demo utawi
geger ingkang kedadosan wonten ing pundi- pundi, ananging badhe ngajak jamaah
jumat mendet piwucal wigatosipun njagi lisan. Mbok menawi kula lan panjenegan
nate mireng unen- unen ajining diri iku saka ing lathi ingkang maksudipun harga
diri manungsa punika gumantung saking pangandikan lisanipun.
Islam sampun paring dhawuh
ingkang ceta sanget babagan wigatosipun njagi lisan. Ngendika Allah SWT :
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا
“He para wong mukmin, sira
pada taqwaa marang Allah lan pada ngucapa kalawan ucapan kang bener”. (QS. Al-Ahzab;70).
Jamaah jumah rahimakumullah
Rasulullah SAW sampun
wongsal- wangsul paring pepemut dhumateng sedaya umatipun supados ngatos-atos
ngginaaken lisan. Kula lan panjenengan wajib menggalih sakderengipun ngendikan.
Pangandikan ingkang badhe medal saking lisan punika kadospudi dampakipun ing
sakmangkih kedah dipun penggalih estu. Punapa pangandikan ingkang kula lan
panjenengan lampahi mbekta kesaenan napa malah mbekta kacilakan punika kedhah
dipun penggalih. Ampun ngantos kula lan panjenengan cilaka amargi mboten saget
ngginaaken lisan kanthi sae. Ngendika Rasulullah:
أَكْثَرُ
خَطَايَا إِبْنِ آدَمَ فِي لِسَانِهِ
“Perkara kang paling akeh
nyebabake anak Adam cilaka yaiku Amarga lisane” (HR. Tabrani).
Wonten hadits sanes
Rasulullah ugi ngendika:
مَنْ
كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ
لِيَصْمُتْ
“Sing sapa iman marang Allah
lan dina akhir mula kudune ngomong kang becik utawa meneng” (HR. Al- Bukhari)
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi erah- erahan punika
mugi saget dados pepemut tumrap kula lan panjenengan khususipun wonten perkawis
njagi lisan. Mugi kula lan panjenengan tansah pinaringan manah engkang wening
satemah saget menggalih kanthi lebet sakderengipun ngendikan utawi tumindhak.
Ing akhiripun mugi Allah tansah andadosaken kula lan panjenegan tiyang- tiyang
ingkang pinaringan kawilujengan panggesangan ing dunya lan akhirat. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar