Teks Khutbah Jumat Singkat

Pilihan Allah

Punika Ingkang Paling Sae

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Ingkang paling sae punika pilihanipun Allah. Sejatosipun ingkang mangertosi sangkan paran tumitahipun alam donya punika namung Panjeneganipun Allah. Allah ingkang nitahaken kula lan panjenengan lan ingkang mangertosi punapa kemawon ingkang sae tumrap kula lan panjenengan. Ngendika Allah Subhanahu Wata’ala :

أَلاَيَعْلَمُ مَنْ خَلَقَ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ

“Apa hiya Allah kang andamel makhluk iku ora nguningani ?. Mesthi Uninga, Panjenegane iku Maha Alus ing PamirsaNe tur Maha Waspada (QS. Al- Mulk: 14).

Jamaah jumah rahimakumullah

Kadhang kala kula lan panjenegan kagungan rencana ingkang miterat pangertosan nggih paling sae. Rencana kala wau lajeng dipun ikhtiyari supados saget ginayuh. Ananging kasunyatanipun gegayuhan kala wau boten saget kasembadan utawi gagal. Utawi kula lan panjenengan pikantuk perkawis ingkang mboten trep kaliyan gegayuhan.

Mila bapak- bapak jamaah jumat, menawi kula lan panjenegan sampun ikhtiyar ngupadi lan ugi dedonga sejatosipun Allah badhe maringi pilihan ingkang paling sae lan paling pas tumrap kemaslahatan kula lan panjenengan. Sepisan malih kula ambali, Allah badhe maringi pilihan ingkang paling sae lan paling pas tumrap kemslahatan kula lan panjenengan. Sanadyan pilihan ingkang kaparingaken dhumateng kula lan panjenengan punika kadosipun mboten sak trep kaliyan kekajengan lan kepinginan. Ngendika Allah Subhanahu Wata’ala  :

 وَعَسَى أَن تَكْرَهُوا شَيْئًا وَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ

“Ngertia kadhang kala perkara kang sira gethingi iku becik tumrap sira…” (QS. Al- Baqarah: 216).

Jamaah jumah rahimakumullah

Sasampunipun kula lan panjenegan pirsa bilih pilihan Allah ing bab napa kemawon punika ingkang paling sae tumrap kula lan panjenegan, mila kedahipun:

Sepisan: ridha lan syukur, kula lan panjenegan kedah ridha dhumateng sedaya pilihanipun Allah. Ridha punika artosipun  nrimah kanthi lila legawa lan remen dhumateng sedaya pepesti lan pilihanipun Allah kanthi keyakinan bilih peparingipun Allah punika ingkang paling sae lan paling pas tumrap panggesangan kula lan panjenengan. Peparing ingkang arupi punapa kemawon punika sampun pas; peparing rejeki, peparing garwa, putra, keluarga, pakaryan lan sedaya ing bab punapa kemawon. Manah ingkang ridha dhumateng peparingipun Allah saget njalari tuwuhipun raos syukur. Menawi kula lan panjenegan saget syukur mila pannggesangan punika raosipun nikmat sanget. Ngendika Allah SUBHANAHU WATA’ALA :

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ

“Lan pada elinga sira nalika Pengeranira dhawuh, menawa sira pada syukur temen bakal Ingsung tambahi nikmat Ingsung marang sira kabeh… ( QS. Ibrahim: 7) .

Kaping kalih: mboten ngresula lan su’udzan dhumateng Allah. Ngresula napa malih su’udzan dhumateng Allah punika malah tansaya andadosaken manah susah tebih saking raos kabahagiaan. Mila menawi wonten tiyang ingkang namung sambat, ngresula lan kufur dhumateng peparingipun Allah punika mesake sanget, gesangipun mesti nelangsa lan awrat. Kanthi punika kula lan panjenengan boten pareng ngresula napa malih kufur dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala .

Jamaah jumah rahimakumullah

Akhiripun sumangga kula lan panjenengan tansah yakin bilih peparing ingkang sampun Allah pilihaken dhumateng kula lan panjenegan punika ingkang paling sae. Mugi kanthi keyakinan ingkang kados punika gesang kula lan panjenegan tansah ayem lan Bahagia. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama