Teks Khutbah Jumat Singkat

Ampun Bosen Tumindak Kabecikan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi sumangga tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa kanthi nindakaken dhawuhipun Allah lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kula lan panjenengan tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kalebet cirinipun tiyang mukmin ingkang sae inggih punika sengkuyung  nindakaken sedaya tumindhak kabecikan. Tiyang kasebat ngrumaosi bilih gesang punika nikmat ingkang kedhah dipunsyukuri kanthi tumindak sae. Tiyang punika yakin bilih gesang wonten dunya namung sekedap lan ajal utawi pati punika haq. Mila tiyang muslim punika sejatosipun kedhahipun ngginaaken wekdalipun kagem tumindak sae sakderengipun dumugi rubeda utawi alangan. Amargi menawi dumugi alangan lan ajal temtu sampun mboten saget malih nindakaken kesaenan. Allah dawuh ing al- quran:

وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

Lan tumraping saben- saben uwong iku kudu andarbeni qiblat kang diadhepake, mula saka iku sira pada bebalapana tumindak kabecikan, ana ing ngendi wae dunungira Allah bakal ngumpulake sira kabeh, satemene Allah iku Maha Kuasa ing atase apa wae.” (QS. Al Baqarah: 148)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila punapa kemawon tumindak kabecikan ingkang kedahipun kula lan panjenengan lampahi Kathi remen lan boten bosen- bosen?. Rasulullah pinangka suri tauladhan tumrap kula lan panjenegan sampun paring dhawuh supados penderekipun istiqamah njagi kabecikan ing antawisipun:

1.     Njagi salat jamaah wonten shaf paling ngajeng.

Rasulullah ngendika: “Menawa manungsa iku ngerti ganjarane azan lan shalat ana shaf ngarep dewe banjur ora ana cara tumju iku kejaba kanthi undian mula kabeh uwong mesthi bakal ngundi amal iku. Lan menawa uwong- uwong iku pada ngerti ganjarane enggal- enggal tumuju shalat jamaah mula mesthi bakal pada lelomban tumuju shalat jamaah. Lan menawa wong- wong iku ngerti ganjarane shalat isyak lan subuh jamaah mula mesthi kabeh bakal nekani salat jamaah iku senajan kanthi mbrangkang.” (HR. Bukhari lan Muslim)

2.     Remen ngedalaken sedekah.

Umar bin Khatab ngendika: “Sawiji dina Rasulullah dhawuh marang aku lan para shahabat supaya nindakake shadaqah. Ing waktu iku, aku ana ing kahanan nduweni rejeki kang longgar banjur aku niat ngungguli Abu Bakar ana ing shadaqah dina iku. Mula aku sowan Panjenengane Rasul kanthi nggawa setengah saka bandhaku. Banjur Panjenengane Rasul Ngendika: “apa kang sira tinggalake kanggo keluarganira?” aku njawab: “Kula tinggalaken setengah saking bandha kula”. Banjur Abu Bakar rawuh kanthi nggawa kabeh bandhane. Panjenengane Rasul ngendika: “He Abu Bakar apa kang sira tinggalake kanggo keluarganira?”. Abu Bakar wangsulan: “Kula tinggalaken Allah lan Rasulipun kagem keluarga kula”. Demi Allah aku ora bisa ngungguli kabecikane Abu Bakar ing bab apa wae”. (HR. Turmudzi)

3.     Njagi sedaya amal kesaenan.

Abu Hurairah ngendika: “Sawiji dina sowan marang Rasulullah wong- wong fakir banjur matur: “Duh Rasulullah, tiyang- tiyang sugih estu sampun nggayuh derajat ingkang inggil lan nikmat ingkang agung kanthi bandhanipun. Tiyang- tiyang kasebat shalat kadhos kula sami shalat, tiyang kasebat shiyam kadhos kula sami shiyam lan tiyang tiyang punika kagungan bandha sahingga saget nindakaken haji, umrah, jihad lan shadaqah. Rasulullah ngendika: “apa sira kabeh gelem menawa ingsun menehi amalan kang menawa sira nindakake mesti bisa nyusul derajate wong- wong sugih iku mau, lan ora bakal bisa nusul sira kabeh kejaba wong- wong kang uga ngamalake amalan iku. Yaiku saben- saben rampung shalat sira pada maca tasbih, tahmid lan takbir kaping telung puluh telu”. (HR. Bukhari lan Muslim)

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila kanti punika sumangga kita tansah gumbregah lelomban nindakaken kesaenan. Mugi Allah Subhanahu Wata’ala tansah maringi kita pitedhah lan hidayah kagem kita sedaya gampil nindakaken kesaenan- kesaenan. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 

Post a Comment

أحدث أقدم