![]() |
Source: pexels.com |
Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Pepeling Akhir Tahun
Ust.
Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا
وَ مِنْ
سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat
dhumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam
mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita
tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Pinten dinten malih kita sedaya bade nilaraken tahun
1443 H tumuju tahun enggal 1444 H. Mila, khatib ngajak sumangga kita sedaya
sami ngevaluasi (permati ing sarira) dhumateng badan kita piyambak- piyambak. Sepinten dhawuhipun Allah SWT ingkang sampun kita
lampahi wonten tahun menika, lan sepinten ingkang dereng kita lampahi. Mekaten
ugi sepinten awisanipun Allah ingkang sampun kita tebihi, lan sepinten ugi
ingkang tasih kita langgar. Amargi permati ing sarira mujudaken sarana kagem
kita ningkataken ketaatan dhumateng Allah SWT. Allah sampun ngendika:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ
اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا
اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ
Artosipun: “He wong mukmin kabeh!, sira padha wedia ing
Allah, lan saben sira kudu permati ing sarira apa kang dilakoni kanggo sangu
ing dina besuk, lan sira pada wedia ing Allah, sanyata Allah iku maha waspada
marang kang pada sira lakoni.” (Al Hasyr: 18).
Ngendika Ibnu Katsir wonten
tafsiripun:”yaiku pada hisaben (etungen)
amalmu sadurunge sira dihisab. Lan pada gatekna sangunira arupa amal kabecikan
kanggo ngadep sowan ing Allah ana ing dina akhir.” (Tafsir Alquranul,
Azim).
Jamaah jumah rahimakumullah
Wekdal menika lumampah terus,
mboten badhe kendel napa malih wangsul mundur. Punapa ingkang sampun kita
lampahi ing wekdal wingi mboten saget pun wangsuli. Menawi kala wingi nglampahi
kebecikan mila sagetipun namung kita syukuri lan kita tingkataken ing dinten
menika. Mekaten ugi menawi kala wingi nglampahi tumidak awon, mila sagetipun
namung dipun dandosi kanthi mertobat lan nindakaken kebecikan ing dinten
menika. Mila tiyang ingkang beja menika tiyang ingkang saget permati ing sarira
lajeng ningkataken kabecikan- kabecikanipun. Kosok wangsulipun tiyang ingkang
cilaka inggih menika tiyang ingkang babar blas mboten saget permati ing sarira
lan mboten saget ningkataken kabecikanipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Panjenegan sedaya mesti
ngersaaken pikantuk kabegjan lan slamet saking kacilakan. Mila wonten ing akhir
tahun menika sumangga kita hisab sedaya lampah panggesangan ing wekdal ingkang
sampu kapengker lajeng kita ginaaken wekdal ingkang tasih kaparingaken
dhumateng kita sedaya kagem nindakaken kabecikan. Rasulullah sampun nate paring
pepeling dhumateng sedaya umatipun:
اِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ : شَبَابَكَ
قَبْلَ هَرَمِكَ وَ صِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ وَ غِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ وَ
فَرَاغَكَ قَبْلَ شَغْلِكَ وَ حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ
Artosipun: “Sira pada gunakna limang perkara sadurunge
teka limang perkara: waktu enommu sadurunge teka waktu tuamu, waktu sehatmu
sadurunge waktu laramu, waktu sugihmu sadurunge teka waktu mlaratmu, waktu
longgarmu sadurunge waktu sempitmu, lan waktu uripmu sakdurunge teka patimu”.
(HR. Al Hakim)
Ghanim bin Qais ngendika: “ing waktu awal islam para shabat pada
seneng aweh pepeling:”He para manungsa,
sira pada nindhakna amal ing waktu longgar sadurunge teka waktu sempitmu, lan
pada nindhakna amal ing wektu enomu sadurunge teka waktu tuamu, lan pada
nindhakna amal ing waktu sehatmu sadurunge teka waktu laramu, lan pada
nindhakna amal ing dunya kanggo akhiratmu”. (Jaami’ul Ulum Wal Hikam:
2:387-388)
Ibnul Qayyim ngendika: “Sapa wonge anggunaake waktune kanggo taat
ing Allah lan ibadah, mula satemene deweke wus oleh umur kang becik.Lan sapa
wonge anggunaake umure kanggo urusan kang muspra, nuruti syahwat, lan tumindak
kang olo, mula satemene mati iku luwih becik tumrap deweke.” ( Az Zuhdu lil
Ahmad bin Hambal:3;381)
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanti menika khatib ngajak sumangga kita tansah angginaaken wekdal kagem
nindakaken ketaatan dhumateng Allah, mugi kita sedaya tansah pikantuk pitedah
lan taufiq saengga saget istiqamah ing ndalem nindakaken ketaatan, kabecikan
lan sedaya kesaenan, Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar