Teks Khutbah Jumat Singkat
Ngiyataken Kabecikan
ing Wulan Syawal
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wulan Syawal punika asring
dipun sebat minangka wulan kagem mbuktekaken bilih takwa kula lan panjenegan
boten namung wonten ing lisan, nanging ugi wonten ing pakarti (akhlaq).
Sasampunipun kula lan panjenegan nempa dhiri wonten ing madrasah Ramadhan,
pranyata tugas salajengipun inggih punika njagi laku becik dhumateng sesami,
utamanipun dhumateng keluarga lan tangga tepalih.
Mila wonten ing mimbar
khutbah jumat siang punika kepareng khatib aturaken seperangan dhawuh islam ing
bab ngiyataken kabecikan ing keluarga lan masyarakat.
1.
Ngiyataken Sesambetan ing Keluarga
Keluarga punika tiyang-tiyang
ingkang paling caket lan paling gadhah hak nampi kabecikan saking kula lan
panjenegan sedaya. Ampun ngantos kula lan panjenegan katingal saé ing jawi,
nanging malah kasar utawi boten nggatekaken keluarga piyambak. Allah SWT paring
pepemut:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ
وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
"He wong-wong kang
iman, reksanen awakmu lan keluargamu kabeh saka geni neraka." (QS. At-Tahrim: 6)
Rasulullah SAW ugi paring
sabda bilih ukuran tiyang ingkang saé punika dipun tingali saking caranipun
piyambakipun mulyaken keluarganipun. Ngendika Rasulullah SAW:
خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ وَأَنَا خَيْرُكُمْ
لِأَهْلِي
"Sing paling apik ing
antaramu yaiku wong sing paling apik marang keluargane, lan aku iki wong sing
paling apik marang keluargaku." (HR. Tirmidzi)
Tuladha saking ngiyataken kabecikan dhumateng
keluarga saged kula lan panjenegan wujudaken mawi perkawis-perkawis ingkang
prasaja nanging ageng paedahipun. Kadosta nggadhahi lathi ingkang alus nalika
ngendikan kaliyan garwa lan putra-putri, mboten gampil duka, sarta mratelakaken
raos asih lumantar wekdal ingkang mentes kagem kempal sesarengan sanadyan
namung sakedhap. Kanthi mbiasakaken paring puji dhumateng saénipun keluarga lan
mbiyantu pakaryan griya kanthi lila legawa, punika sampun dados bukti bilih kula
lan panjenegan saestu nindakaken dhawuhipun agami kagem mulyaken baiti jannati
utawi griya ingkang kados dene suwarga
2.
Ngiyataken Sesambetan kaliyan Tangga Tepalih
Tangga tepalih punika
sederek ingkang paling caket menawi kula lan panjenegan nembe nandhang reribet.
Agami Islam nggatosaken sanget babagan hak-hak tangga. Malah, imanipun
satunggaling tiyang punika dipun kaitaken kaliyan cara piyambakipun mulyaken
tangga. Rasulullah SAW dhawuh:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ
فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ
"Sapa wae sing iman
marang Allah lan dina akhir, mangka dheweke kudu mulyake tanggane." (HR. Bukhari & Muslim)
Ngiyataken sesambetan
kaliyan tangga saged dipun lampahi kanthi cara:
a)
Saling paring pambiyantu
nalika tangga nembe kesusahan.
b)
Njagi lisan saking ngrasani
utawi nglarani penggalih tangga.
c)
Saling paring hantaran utawi
dhaharan sanadyan namung sekedhik.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sumangga kula lan panjenengan dadosaken wulan Syawal
punika minangka kesempatan kagem ngguyubaken malih sesambetan kaliyan tangga
tepalih ing sakubenging griya. Kanthi mbiasakaken sapa aruh, paring pitulungan
kanthi ikhlas, sarta nebihi tumindak ingkang saged damel risaking paseduluran,
ateges kula lan panjenegan sampun mujudaken kesalehan sosial ingkang dipun
dhawuhaken dening Gusti Allah. Amargi saénipun sesambetan kaliyan tangga boten
namung nggadhahi nilai kamanungsan, nanging ugi dados dhasar sampurnaning iman
ingkang badhe mbeta katentreman wonten ing dunya sarta kamulyan wonten ing
akhirat mangke.
Pungkasaning atur, mugi-mugi Allah SWT tansah paring
hidayah lan kekiyatan dhumateng kula lan panjenegan sedaya supados saged
istiqomah njagi kerukunan, saé punika wonten ing njeronipun keluarga sarta
wonten ing madyaning masyarakat. Mugi-mugi sedaya laku becik ingkang sampun
kula lan panjenegan rintis wiwit wulan Ramadhan saged terus lumampah lan saya kiyat wonten ing
wulan Syawal punika, saéngga kula lan panjenegan sedaya kalebet golonganipun
tiyang-tiyang ingkang nggadhahi akhlaqul karimah.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.png)

إرسال تعليق